Like if u like,,,,

9 Des 2010

Pengertian nama-nama tembang macapat dari kelahiran sampai saat meninggal ( lahir, hidup, mati )





1. Dari nama tembang Mijil :



Jroning peteng sangkan paraning dumadi Kersane gusti jabang bayi Mijil Sinebut Mijil, metu, uga lahir Mijil margane jalu uga estri Mijil ngunduh wohing pakarti Mijil ponang nangis cenger ndodog bumi Dados ponang woding ati Bapa biyung seneng ing ati Bapa biyung nggendong rina wengi



2. Dari nama tembang Maskumambang :



Maskumambnag dadi tembang Nrenyuhake polahe sang ponang Angidung mocopat ponang di kudang Guyune sing ponang suka kang nyawang Tan mbedakno wadon apa lanang Bapa biyung bungah ati padang Bapa biyung susah kelangan ponang Crita ginurit jroning maskumambang



3. Dari nama tembang Kinanti :



Jabang bayi woding ati Kinanti kinanten tinuntun kang dadi werdi Bapa biyung pawitan titi Ngreksa peparinge gusti Rina dumagi ing wengi Tan pegat piwulang aji Dupi karsa agama ageming aji Dados priyayi Tuladane sagung pasti ing leladan bumi



4. Dari nama tembang Sinom :



Tembang Sinom pangeran katon Ing rina ing wengi mbabar lelakon Bayi gede manjing keprabon Raga gede yuswane maksih enom Bedane wis ora turu nang pangkon Pindah laku suryo mengulon Sak tindake dadi lakon Sak polahe dadi pitakon Yawa luput dadi layon



5. Dari nama tembang Dandanggula :

Angen manis lagu puspita Ngetut lakune samirana Tabuh wektu ngetung dina Ponang gede si enom salin salaga Wani mbeka ngugung salira Mula gampang kena reka Enome pikir gampang kesandung asmara Dandanggula kang rinonce Sundul langit kemul mega Tan mampu ngudar pancadriya Mung manis-manis kang sinedya Tan weruh isen isening dunya Lamun tumindak becik tan pirsa Dadi menus manggih cilaka



6. Dari nama tembang Asmaradana :



Pepanjange tembang asmaradana Panjange denarani asmara dahana Sifat lanang wadon jroning tresna Padang rembulan pinda yayah rina Tan waskita rusak jiwa raga Tan eling welinge ibu lan rama Agni ngobong ati ngidung asmara Kadya lakone Dewi Ratih Komajaya



7. Dari nama tembang Gambuh :



Gambuh iku paribasan gampang nambuh Banyu bening ora weruh Jejogetan turut dalan ora ewuh Bapa biyung weling ora patuh Angel laku jujur, gampang misuh Yen sinebut sakit, wus abuh Yen turu tangine tan krungu subuh Kang tinandur tan nana kang di unduh Bapa biyung sambat sora ….. aduh



8. Dari nama tembang Durma :



Nandur saka tata krama Dur iku duratmaka, duraka Dur iku dursila, durjana Dur udur tan animbang rasa Dur paribasan pari kena Maknane nglaras rasa Si enom dandanggula sinedya Lali wus kelon asmaradana Lali wangsiting wong tuwa Werdine gambuh lan durma Amelet si enom ing marcapada Pan mangkana ingaran kerata basa



9. Dari nama Tembang Pangkur :



Yen kesandung moleh mungkur Dawane dalan dawane umur Wadine gusti wadine kubur Sifat tan bisa di waca ngawur Iku werdi macapat dudu turu nglindur Urip ngangsu banyu bening sumur Hang rasa pakarti laku tinandur Yen lagi catur mungkur Eling tuwa eling pangkur Ngepange pikir arep mungkur Cilakane tan uwur lan sembur Kelangan aruming pitutur Deleg-deleg tan weruh dalane kubur



10. Dari nama tembang Megatruh :



Ana pegat tan aruh-aruh Ana pegat tan ana sing weruh Wit banda uwoh dosa tan wanuh Tan eling dongenge Nabi Nuh Tan mampu ngudar kawruh Uripe jroning rasa, trenyuh Dupi emut mring kidung megaruh Wiwit sinom tekan gambuh Alam batin manggih mungsuh Jroning urip tan kerso wanuh Pegate raga sukma kisruh Sukma lunga tan ana sing weruh Gara-gara tan ngersakke dawuh



11. Dari nama tembang Pucung :



Surya suntrut kudung mendung Ana pitakon padange wurung Ana gela, gelane bapa biyung Kang gela kepetak linglung Kang tuninggal deleg-deleg bingung Raga ketata mori petak dadi kudung Jroning peteng sepi ing kidung Ngindit dosa gede sak gunung Tan pirsa raga wus suwung Pucung werdine gempita agung Pucung iku pocong werdine agung



12. Dari nama tembang wirangrong :



Wektu ngancam dina putus layon Sambat sapa yen kadung kepetak ngerong Mlarat sugih, sing pangkat apa maneh garong Nora mandang drajating uwong Wirang wus jroning rong Jagat gumelar kebak pitakon Jagat gumelar kebak ing lakon Jagat gumelar karsone Hyang Manon Pan mangkono werdine wirangrong

diambil dari catatan fb teman....heheheheh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar